Silahkan Pilih Warna Latar Blog ini Sesuai Dengan kenyamanan Yang Anda Suka

Selasa, 12 April 2011

SERAT GATOLOCO BAG 2



PUPUH V
Asmaradana
Rehning sira wis ngakoni, benjang lamun sira pejah, rasakna badanmu kuwe, kalawan cahyamu gesang, obah-osiking manah, anggawa lapal Suksmamu, munggah mring suwarga loka.
Sang ‘Ijaril ingkang ngirid, sowan ngarsane Hyang Suksma, yen mangkono sira kuwe, ora ngamungna neng dunya, olehmu dadi bangsat, aneng achirat dadi pandung, anggawa dudu duweknya.
Sira aneng dunya iki, kadunungan barang gelap, ora tuku ora nyileh, sira-anggo saben dina, ing mangka aneng achirat, anggawa dudu duwekmu, dunya achirat dadi bangsat.
Tanpa gawe jungkar-jungkir, nembah salat madep keblat, clumak-clumik kumecape, angapalake alip lam, tegese iku lapal, angawruhana asalmu, urip prapteng kailangan.
Sireku kaliru tampi, ngawruhi asale wayah, subuh luhur myang asare, mahrib lawan bakda ‘isya, sayekti tanpa guna, sipat urip duwe irung, pada weruh marang wayah.
Yen mangkono sira kuwi, mung mangeran marang wayah, tan mangeran Ingkang Gawe, lamun bengi sarta awan, pijer ketungkul wayah, ora mikir mring awakmu, urip prapteng kailangan.
Rasane badanmu kuwi kagungane Rasulu’llah, cahyane uripmu kuwe, kagunganira Pangeran, obah-osiking manah, Muchammad kang nggawa iku, duwekmu amung pangrasa.
Mangka sira-gawa kuwi, ora sira-ulihena, balekna marang Kang Duwe, yen sira maksih anggawa, titipan tri prakara, apa sira ora lampus, Kyai Guru duk miyarsa.
Ketune binanting siti, muring-muring ngucap sora, mring ngendi nggonku ngulihke, ingsun tan rumasa nyelang, titipan tri prakara, Gatoloco gya gumuyu, sira urip tanpa mata.
Upama padanging rawi, asalira saking surya, sirna kalawan srengenge, kalamun padange wulan, asale saking wulan, sirnane kalawan santun, bali maneh asalira.
Hasan Besari nauri, krana ngapa rasanira, lan cahyamu urip kuwe, myang obah-osiking manah, tan sira-ulihena, marang Kang Kagungan iku, Gatoloco asru nyentak.
Ingsun iki ora wani, ngulihake durung masa, yen tan ana pamundute, ingsun wedi bok kinira, anampik sihireng Hyang manawa nemu sesiku, sireku kaliru tampa.
Kang kasebut kitab-mami, saking Nabi Muchammad, Kyai Guru pangucape, salat witri iku iya, salat sakoberira, Gatoloco alon muwus, sireku kaliru tampa.
Yen mangkono sira kuwi, dudu umat Rasulu’llah, dene sira ngestokake, sari’ate nabi lima, endi panembahira, mring nabi Muchammad iku, Kyai Guru saurira.
Sembahingsun salat witri, iya ing samasa-masa, Gatoloco pamuwuse, sira iku santri blasar, mangka Nabi Muchammad tetela Nabi Panutup, tunggule nabi sadaya.
Parentahe ora sisip, wus kapacak aneng kitab, ingkang salah sira dewe, kinen sujud kaping lima, rina wengi mangkana, esuk-esuk wayah subuh, sujud tumrap maring Adam.
Iku dudu Adam Nabi, adam suwung sujudana, kang suwung langgeng anane, marmanira sinujudan, dene luwih kuwasa, ngilangake peteng iku, kagenten padanging surya.
Panase saya ngluwihi, saking kuwasaning Allah, surya iku darma bae, sakehe manusa dunya, samya susah sadaya, krana saking panasipun, Nabi Muchammad parentah.
Marang umatira sami, supaya pada sujuda, marang Kang Murbeng ‘alame, tatkala patang raka’at, kabeh pada nuwuna, mring sudane panas iku, lan sudane dosanira.
Lan pada nuwuna maning, linanggengna kaluhuran, kaya luhure srengenge, pramilane lama-lama, tumurun saya andap, daja asrep panasipun, wong akeh ngarani ‘asar.
Nabi Muchammad ningali, parentah mring umatira, supayane sujud maneh, sarta pada nenuwuna, langgeng ananing Suksma, lan pada nuwuna iku, linanggengna kaluhuran.
Pangeran kang Maha Luwih, angganjar ing asorira, linanggengna kamulyane, dadine bisa kalakyan, tumurun saya andap, mulane ngaranan surup, sira pada sumurupa.
Kuwasanira Hyang Widdhi, bisa gawe peteng padang, gawe unggul lan asore, kang padang tegese gesang, kang peteng iku pejah, Nabi Muchammad andulu, parentah mring umatira.
Den purih sujuda maning, marang Ingkang Murbeng ‘alam, dene luwih kuwasane, bisa gawe peteng padang, lan gawe pejah gesang, bilahi asor lan unggul, lama-lama kang baskara.
Jagade datan kaeksi, petenge saya katara, amratani jagad kabeh, manusane ‘alam dunya, rumasa kasusahan, krana saking petengipun, amarga suruping surya.
Sagunge umat nuruti, nenuwun marang Pangeran, kanti nangis panuwune, mulane ngaranan ‘isya, tegese anangisa, marang Ingkang Murbeng luhur, nenuwun supaya padang.
Kagenten padanging sasi, sakehe manusa suka, uninga wulan cahyane, padang sarta ora panas, cacade mung pisahan, mulane ingaran santun, santun warna saben dina.
Tegese sasi samya sih, Kyai Guru aris mojar, kitab apa patokane, Gatoloco angandika, Baru’lkalbi arannya, mangretine barul: laut, dene kalbi iku manah.
Ati kang kaya jaladri, tanpa wates jero jembar, lan maneh akeh isine, Hasan Besari tetannya, sira ora sembahyang, Gatoloco aris muwus, sembahyang langgeng tan pegat.
Sujud-mami sujud eling, keblatku tengahing jagad, bareng napasku sujude, napasku metu mbun-mbunan, salatku mring Pangeran, metu saking utekingsung, sembahyangku mring Hyang Suksma.
Ingkang metu lesan-mami, sembahyang mring Rasulu’llah, kang metu irungku kiye, ingkang dzat pratandanira, iku taline gesang, kabeh saking napasingsun, sebutku Allahu Allah.
Sira pada ora ngreti, Rasulu’llah sabatira, iku durung linairke, lintang wulan lawan surya, ‘alam dunya wus ana, yekti tuwa suryanipun, iku kang kitab Ambiya.
Kang tinitahake dingin, dening Hyang cahya Muchammad, iku lawan sahabate, nanging wujud eroh samya, neng jroning lintang johar, mangka lintang johar iku, wadahe roh sadaya.
Babonira saking urip, dadi saking Nur Muchammad, lintang rembulan srengenge, ora liya asalira, pan saking Nur Muchammad, mangka lintang johar iku, dadi pusere Muchammad.
Yen sira maido mami, dadi nampikaken sira, mring Kuran sesebutane, Hasan Besari miyarsa, rumaos kaungkulan, mangkana denira muwus, wis Gatoloco minggata.
Gatoloco anauri, sun linggih langgare Allah, kabeneran panggonane, iki aneng tengah jagad, ingsun seneng kapenak, linggih langgar karo udut, ngenteni prentahing Allah.
Hasan Besari Kalah Bantahe
Sakala Hasan Besari, sidakep kendel kewala, puwara alon wuwuse, wus dadi prasetyaningwang, kalamun bantah kalah, kabeh iki darbekingsun, sira wajib mengkonana.
Ingsun rila lair batin, langgar wisma barang-barang, pasrah sah duwekmu kabeh, santri murid ing Cepekan, ingkang seneng ngawula, mara sira anggeguru, wulangen ‘ilmu utama.
Para Kyai mitra-mami, ingsun sumarah kewala, apa kang dadi karsane, manira saiki uga, neja lunga lelana, kabeh keriya, rahayu, Hasan Besari gya mangkat.
Nalangsa rumasa isin, saparan kalunta-lunta, katiwang-tiwang lampahe, ingkang kantun ing Cepekan, Gatoloco sineba, para murid tigang atus, ander samya munggeng ngarsa.
Gatoloco Pepeling Marang Para Sahabat
Gatoloco sukeng galih, angandika mring sahabat, sanak-sanakingsun kabeh, yen sira arsa raharja, poma-poma elinga, aywa tiru lir gurumu, anggepe sawenang-wenang.
Kang mangkono ora becik, ngina-ina mring sasama, umat iku pada bae, pinter bodo becik ala, beja lawan cilaka, wong kuli tani priyantun, lanang wadon ora beda.
Wus pinesti mring Hyang Widdhi, tan kena ingowahana, papestene dewe-dewe, mulane becik narima, aywa katungkul sira, urip iku bakal lampus, aneng dunya ngelingana.
Aja jubriya lan kibir, sumengah nggunggung sarira, open dahwen panastene, karem dora pitenahan, jail silib melikan, angapusi agal alus, anggluweh demen sikara.
Aja pisan ladak edir, watak angkuh nguja hawa, aja wareg mangan sare, nglakonana sawatara, ingkang sabar tawakal, ingkang sumeh aja nepsu, ngajeni marang sasama.
Aja sira gawe serik, aja sira gawe gela, aja gawe wedi kaget, iku aran najis haram, nyandang mangan ingkang sah, iku lakune wong ‘ilmu, tan kena kanti sembrana.
Gatoloco Apitutur Soal Pasemoning ‘Ilmu
PUPUH VI
Kinanti
Kudu ingkang nrimeng pandum, sumarah karsaning Widdhi, manusa darma kewala, saikine sun-takoni, apa mantep trusing driya, ngaku bapa marang mami.
Lamun sira wus tuwajuh, gugunen pitutur iki, nanging sira aja samar, tan kena maido ‘ilmi, yen maido kena cendak, uripe kamulyanneki.
Kabeh sira anakingsun, badenen pasemon iki, lamun bengi ana apa, yen awan ingkang ngebeki, apa ingkang ora nana, satuhune iya endi.
Adoh tanpa wangen iku, cedak tan senggolan iki, yen adoh katon gumawang, yen cedak datan kaeksi, lamun isi ana apa, yen suwung luwih mratani.
Lembut tan kena jinumput, agal tan kena tinapsir, ingkang amba langkung rupak, kang ciyut wiyar nglangkungi, bumbung wungwang isi apa, sapa neng ngarepmu kuwi.
Yen lanang tan nduwe jalu, yen wadon tan duwe belik, iya kene iya kana, iya ngarep iya buri, iya kering iya kanan, iya ngandap iya nginggil.
Baitane ngemot laut, kuda ngrap pandengan nenggih, tapaking kuntul ngalayang, pambarep adine ragil, si welut ngeleng ing parang, kodok ngemuli lengneki.
Wong bisu asru calatu, jago kluruk jro ndogneki, wong picak amilang lintang, wong cebol anggayuh langit, wong lumpuh ngideri jagad, aneng ngendi susuh angin.
Aneng ngendi wohing banyu, myang atine kangkung kuwi, golek geni nggawa diyan, wong ngangsu pikulan warih, kampuh putih tumpal petak, kampuh ireng tumpal langking.
Tumbar isi tompo iku, randu alas angrambati, mring uwit sembukan ika, sagara kang tanpa tepi, rambut ireng dadi petak, ingkang petak saking ngendi.
Irenge mring ngendi iku, kalawan kang diyan mati, urube mring ngendi ika, golekana kang pinanggih, yen tan weruh siya-siya, durung sampurna kang ‘ilmi.
Ingkang sarah munggeng laut, gagak kuntul saba sami, duk mencok si kuntul ika, si gagak ana ing ngendi, gagak iku nulya teka, si kuntul miber mring ngendi.
Prayoga kudu sumurup, kabeh sira anak-mami, pralambang iku rasakna, kang katemu pada jati, sajatining rasa ika, rasa jroning jalanidi.
Sasmitanen ingkang wimbuh, kawruhana ucap iki, kalawan pangrungunira, sarta paningalmu ugi, tan ana ucap dwi ika dadi solah-tingkaneki.
Ora sak tan serik iku, tan tesbehmu dzatu’llahi, kang krasa yen datan mangan, den krasa yen minum nenggih, sembahyanga den karasa. Den krasa dzatu’llah kuwi.
Gatoloco Medarake Soal-jawabing ‘Ilmu
Kang wus sawural Allahu, iku aran salat daim, ana maneh ingaranan, martabate kasdu kuwi, lawan ta’rul ta’yin ika, mangretine kasdu kuwi.
Pikarepe niyat iku, ciptane ingkang dumadi, dene ta’rul tegesira, pamekasing niyat nenggih, dumadine panggraita, mangreteni ingkang ta’yin.
Iku nyata yen satuhu, wasesane niyat kuwi, dumadine ingkang cipta, cetane iku sayekti, ingkang kasdu kuwi iman, ingkang ta’rul iku tohid.
Kang ta’yin makrifat iku, kang iman yen ana kuwi, ing niyat ingkang gumletak, yekti iku ora serik, tansah ningali ing Allah kang tohid nenge myang osik.
Gleteke paningal iku, pamyarsa pangucapneki, nyata angen-angenira, ingkang nggletakaken Widdhi, myarsa ngucapken pestinya, Allah ta’ala ngimbuhi.
Dadi aja sak srik iku, tingalira mring Hyang Widdhi, ana dene kang ma’rifat, iku nenge lawan mosik, anenggih paningalira, pangrungu pangucapneki.
Dadi lan ing dewekipun, tegese iku sayekti, bila: tesbeh lire ika, tan loro kahananneki, apan mung Allah kewala, ingkang mosik meneng kuwi.
Pamiyarsa lan pandulu, nyatane kahanan iki, poma aja sak srik, sasmita sariraneki, kang den ucap ingkang ngucap, tan liya Kang Maha Suci.
Kudu ingkang awas emut, ora nana liya maning, lamun sira tinakonan, apa pangajape Widdhi, mangkene wangsulanira, pangawruhingsun mring Widdhi.
Kawimbuhan ‘ilmunipun, Pangeran kang Maha Suci, ana maneh soalira, apa ingkang den arani, sakecap sarta satindak meneng mung sagokan kuwi.
Nulya saurana gupuh, ujar sakecap puniki, kang ngucap nenggih Hyang Suksma, kang mlaku satindak Widdhi, kang meneng sagokan ika, ingkang wus angel nggoleki.
Hyang Suksma ya dirinipun, sarta lamun den takoni, pira martabating tingal, saurana tri prakawis, tasnip ingkang kaping pisan, insan-kamil kaping kalih.
Kadil-kapri kaping telu, tasnip: idep tegesneki, insan-kamil: kang sampurna. Iku kaya roh idlafi, utawa tasnip semunya, tingal luluh sampurnaning.
Wahyu iku tegesipun, ingkang paningale sidik, iku tetep wahyunira, pramilane samya wajib, den weninga prabedanya, anggenira aningali.
Mring nabi wali mukminu, nabi tetep tingalneki, dene para mundur ika, ing tingale wali mukmin, pira martabating lampah, wangsulana dwi prakawis.
Dingin kaya geni iku, kaping kalih kaya angin, semune kang kaya brama, penet panase pribadi, tegese sira mrih enggal, panrima kasuwen dening.
Ingkang angin tegesipun, penet tan kena pinurih, tegese wus ora pisan, susah angulati malih, pira martabating badan, saurana tri prakawis.
Wondene ingkang rumuhun, kaya tanggal ping pat nenggih, ping dwi kaya tanggal sanga, tanggal ping patbelas ping tri, tegese tanggal kaping pat, tulis lair tulis batin.
Kaya tanggal sanga iku, luluh sirna tegesneki, kahananira Pangeran, tanggal ping patbelas kuwi, dene sasejane sama, kaya Kang nDadekken nenggih.
Wus tumeka wangenipun, tekane kawula kuwi, ora naja yen dadiya, dadi Gusti kang sayekti, nanging yekti dadi uga, pira mastabat pamanggih.
Saurana lima iku, kang dingin kleteking ati, ingkang kaping kalihira, katepeking lampah nenggih, panjriting tangis ping tiga, ketuk nutu ping pat neggih.
Cleret ngantih ping limeku, dene pajriting wong nangis, lawan kleteking wardaya, myang tepeking wong lumaris, tuhune iku pangucap, martanipun achir kadi.
Kaja kapilaku iku, ing tekade kang wus tampi, calereting ngantih ika, lir sipat jamalu’llahi, ketuking nutu upama, wedale pangucapneki.
Nyata ora mamang iku, ora susah angulati, Hyang Agung Kang Maha Mulya, kang ngucap iku Allahi, poma aja pindo karya, puniku ingkang sajati.
Martabate bumi iku, saurana tri prakawis, dzating roh idlafi ika, kaping pindo roh jasmani, kaping telu tanpa prenah, tanpa tuduh tanpa yekti.
Kang aran Muchammad iku, kang hakiki kang majaji, iku nuli saurana, kang aran Muchammad nabi, dene kang hakiki iku, iya dzatu’llah idlafi.
Nabi Muchammad puniku, anenggih ingkang majaji, dzatu’llah jasadi ika, kang hakiki kang majaji, loro-loroning atunggal, nyatane yen sira kuwi.
Ingkang tanpa prenah iku, lawan tanpa tuduh kuwi, ing hakekate dzatu’llah, tan liya pesti sireki, krana sajatine sira, poma aja pindo kardi.
Martabat nugrahan iku, lamun sira den takoni, pira nugrahaning sadat, saurana tri prakawis, iku ingkang ping sapisan, ngeningake imanneki.
Ping dwi ngeningken tyasipun, ana dene kang kaping tri, nglampahake panggaotan, nugrahaning salat nenggih, saurana tri prakara, megat karsa ingkang dingin.
Tinggal cipta kalihipun, amadep ingkang kaping tri, nugrahaning takbir pira, saurana tri prakawis, dingin kawruh dwi kawruhnya, jatining weruh kaping tri.
Pituturku durung rampung, nanging iku bae disik, krana ingsun arsa lunga, ora lawas ingsun bali, mrene maneh mulang sira, dimene imbuh mangreti.
Gatoloco Lunga Andarung Lakune
PUPUH VII
Gambuh
Anak murid sireku, kabeh pada keriya rahayu, lilanana saiki manira pamit, Gatoloco mangkat gupuh, lumampah ijen kemawon.
Mider-mider ngelantur, sejanira angupaya mungsuh, sagung pondok guru santri den lurugi, binantah ing kawruhipun, yen kalah dipun pepoyok.
Ana ingkang gumuyu, kapok kawus santri kang tan urus, wus dilalah karsaning Kang Maha Luwih, Gatoloco tyas kalimput, mengku takabur ing batos.
Pangrasanira iku, sapa menang padon karo aku, padu kawruh ingsun punjul sasami, marmane manggih sesiku, kasiku dening Hyang Manon.
Kang sipat samar iku, Gatoloco tan rumasa luput, yen andulu, ingkang bangsa lair batin, kaelokaning Hyang Agung, karya lakon langkung elok.
Gatoloco andarung, lampahipun terus minggah gunung, Endragiri wastanira ingkang wukir, sadaya santri ing gunung binantah kawruhnya kawon.
Jejanggan para wiku, resi buyut wasi lan manguyu, den lurugi bantah kawruh syara’ ‘ilmi, ingkang kawon den geguyu, Gatoloco asru moyok.
Solah tingkah kumlungkung, ngrengkel nakal remen nyrekal digung, watak edir ‘ilmu syara’ den pabeni, mila saya camahipun, ya ta genti winiraos.
Endang Retna Dewi Lupitwati Ing Depok Cemarajamus
Ing Endragiri gunung, wonten endang gentur tapanipun, apeparab Retna Dewi Lupitwati, sadaya punggawanipun, samya estri maksih anom.
Satunggal wastanipun, apeparab Dewi Mlenukgembuk, nama Dewi Dudulmendut, kang satunggil, merak-ati dasar ayu, cantrik kalih ugi wadon.
Satunggal namanipun, akekasih Dewi Rara Bawuk, kang satunggal Dewi Bleweh kang wewangi, grapyak sumeh kaduk cucut, neng ngarsa gusti tan adoh.
Sang Retna depokipun, yeku depok ing Cemarajamus, pratapane ing guwa Seluman werit, angker sinengker barukut, boten sembarangan wong.
Bangkit uningen ngriku, yen tan antuk lilane Sang Ayu, dene lamun wus kepareng den ideni, kaiden ingkang amengku, sinome guwa katongton.
Gatoloco Manjing Depok Cemarajamus
PUPUH VIII
Sinom
Ingkang samnya neng asrama, Retna Dewi Lupitwati, lagya sakeca ngandikan, lawan ceti emban cantrik, kaget dupi umeksi, dumateng wau kang rawuh, sajuga janma priya, lenggah sanding para estri, Mlenukgembuk sigra nabda atetannya.
Lah sira iku wong apa, wani malbeng Endragiri, rupamu ala tur kiwa, pinangkanira ing ngendi, lan sapa kang wewangi, angakuwa mumpung durung, cilaka siya-siya, apa tan kulak pawarti, lamun kene larangan katekan priya.
Gatoloco tansah nyawang, boten pisan amangsuli, mendongong kendel kewala, lir bisu mung clumak-clumik, malah angiwi-iwi, lingak-linguk kukur-kukur, dereng purun cantenan, nudingi mring cantrik estri, dandu-dangu sumaur ngucap mangkono.
Sun iki janma utama, nyata yen lanang sajati, kekasih Barangpanglusan, lan aran Barangkinisik, tetelu jeneng-mami, ananging ingkang misuwur, manca pat manca lina, tanapi manca nagari, Gatoloco puniku aran-manira.
Omahku ing tengah jagad, pinangkane saking wuri, nuruti sejaning karsa, pramilane prapteng ngriki, prelu arsa pinangggih, marang sireku wong ayu, duh mirah pujaningwang, lamun condong sun-rabeni, Mlenukgembuk muring-muring asru sabda.
Gumendung si asu ala, lancang pangucap kumaki, deksura tindak sembrana, adol bagus marang mami, ingsun tan pisan sudi, andeleng marang dapurmu, becik sira minggata, aja katon aneng ngriki, eman-eman panggonan den ambah sira.
Wangsulane gemang lunga, malah sira mirah nuli, nurutana karsaningwang, duh wong ayu sun-rabeni, mangsuli manas ati, wuwuse saya dalurung, si anjing kena sibat, tan kena ginawe becik, mara age tutugna dak-kepruk bata.
Gatoloco Nrerepi Wangsalan
Gatoloco saurira, wideng galeng (yuyu) duh maskwari, wong ayu bok aja duka, kuwuk mangsa kolang-kaling (luwak), ron kang kinarya kikir (rempelas), welasana awakingsun, parikan jenang sela (apu), apuranen sisip-mami, jalak pita (kapodang) sun-cadang dadiya garwa.
Baita kandeg samudra (labuh), lara wirang sun-labuhi, terong alit dedompolan (ranti), bok iya nganti sawarsi, bibis kulineng tasik (undur-undur), sayekti tan neja mundur, isih cuwa atiku pan durung lega.
Lan maneh ngong ngrungu warta, gustimu Sang Lupitwati, misuwur lamun waskita, pinter mring sabarang ‘ilmi, tan ana kang ngungkuli, sarta wus jumeneng wiku, lamun kapata nyata, manira arsa nandingi, bantah kawruh sakarsane ‘ilmu apa.
Ambatang Cangkrimane Dewi Mlenukgembuk
Mlenukgembuk saurira, badenen cangkriman-mami, lan soale gustiningwang, Retna Dewi Lupitwati, soale emban cantrik, yen sira ngreti sadarum, najan rupamu ala, gustiku Sang Lupitwati, apa dene para ceti cantrikira.
Mestine nurut kewala, kabeh gelem anglakoni, Gatoloco alon mojar, apa temen tan nyidrani, upamane ngapusi, apa sira wani tanggung, yen sira ora dora, sun-jawabe ing samangkin, lah ucapna cangkrimane kaya apa.
Mlenukgembuk alon mojar, ana wit agung siji, pang papat godonge rolas, kembange tanpa winilis, wohe amung kekalih, mung sawiji trubusipun, mubeng wolu pangira, puniku ingkang sawiji, ana dene ingkang satunggal.
Ingsun ningali maesa, katahe amung kekalih, nanging telu sirahira, badenen cangkriman kuwi, Gatoloco miyarsi, reka-reka tan sumurup, malenggong palingukan, kecap-kecap ketip-ketip, Mlenukgembuk gumujeng alatah-latah.
Kowe maneh yen bisaa, ambatang cangkriman iki, dapurmu ala tur kiwa, Gatoloco anauri, mengko disik pinikir, supaya bisa katemu, mara pada rungokna, wong kabeh aneng ngriki, sun-badene bener luput saksenana.
Ananging kalamun salah, aja padha ngisin-isin, bismi’llah mbade cangkriman, cangkrimane wong mrak-ati, wit agung mung sawiji, iku jagad tegesipun, pang papat iku keblat, godong rolas iku sasi, trubus siji epang wolu iku warsa,
Kembang tanpa wilang lintang, minangka woh loro kuwi, anane surya rembulan, lan maneh ingkang sawiji, sira niku ningali, kebo loro ndase telu, iku wus dadi lumrah, kebo ‘alam dunya iki, lanang wadon ketel wulu sirahira.
Gatoloco alon ngucap, apa bener apa sisip, mangkono pambatangingwang, mring cangkriman iki. Mlenukgembuk miyarsi wus kabatang soalipun, rumasa yen kasoran, sedot mundur sarwi nglirik, alon ngucap saiki narima kalah.
Ambatang Cangkrimane Dewi Dudulmendut
Dudulmendut sigra mapan, mesem-mesem angesemi, wus ayun-ayunan lenggah, Gatoloco nukya angling, soal apa sireki, sun-badene cangkrimanmu, Dudulmendut angucap, mangkene cangkriman-mami, mara age badenen ingkang pratela.
Ing ngendi prenahe iman, ing ngendi prenahe budi, ing ngendi prenahe kuwat, apa kang luwih pait, lan ingkang luwih manis, luwih atos saking watu, apa kang luwih jembar ngungkuli jembaring bumi, apa ingkang luwih duwur saking wiyat.
Apa ingkang luwih panas, ngungkuli panasing geni, luwih adem saking toya, luwih peteng saking wengi, endi aran ningali, lan endi kang luwih duwur, endi kang luwih andap, apa ingkang luwih gelis, akeh endi wong gesang karo wong pejah.
Wong sugih lawan wong nista, wong jalu lawan wong estri, wong kapir lawan wong estri, wong kapir lawan wong Islam, mara badenen saiki, Gatoloco nauri, prenahe iman puniku aneng jantung nggonira, ing utek prenahe budi, otot balung prenah panggonane kuwat.
Prenahe wirang ing mata, ing dunya kang luwih pait, batine wong malarat, dene ingkang luwih manis, batine wong kang sugih, lamun wong kang luwih lumuh, kang blilu tan weruh sastra, ingkang aran aningali, iku janma ingkang wruh ‘ilmuning Allah.
Ing ngendi kang luwih perak, ing dunya kang luwih gelis, ingkang luwih bungahira, iku marmaning Hyang Widdhi, kang amba luwih bumi, yekti pandeleng puniku, landep luwih kang braja, iku nalare wong lantip, ingkang adem luwih toya ati sabar.
Luwih atos saking sela, atine wong dangkal pikir, atine wong kang brangasan, panase ngungkuli ngungkuli geni, wong jalu lan wong estri, yekti akeh wadonipun, sanajan wujud lanang, tan weruh tegese estri, kena uga sinebut sasat wanita.
Wong urip lan wong palastra, temene akeh kang mati, sanajan wujude gesang, kalamun wong tanpa budi iku prasasat mati, wong sugih lan wong nisteku, mesti akeh kang nista, sanajan sugih mas picis, lamun bodo tanpa budi tanpa nalar.
Kena sinebut wong nista, tan duwe pakarti benjing, kalamun ing rahmatu’llah, wong Islam lawan wong kapir, Islam kapir mung lair, yen tan ana anggitipun, menawa datan wikan, pranatanira agami, tetep kapir yektine janma punika.
Wong iku nyata pinteran, tan kena den mejanani, Dudulmendut mundur sigra, sarwi awacana aris, wus bener ora sisip, saikine ingsun teluk.
Ambatang Cangkrimane Dewi Rara Bawuk
Rara Bawuk gya mapan, mangkana denira angling, ndika-bedek Gus Nganten cangkriman-kula.
Kabeh ingkang sipat gesang, kang ana ing dunya iki, pangucape pirang kecap, mangka leklu iku klimis, Gatoloco miyarsi, reka-reka tan sumurup, malenggong palingukan, gedeg-gedeg angucemil, Rara Bawuk gumujeng alatah-latah.
Sarwi keplok bokongira, angencepi ngisin-ngisin, sira maneh yen bisaa, anjawab cangkriman-mami, dapurmu anjejinggis kaya antu lara ngelu, Gatoloco angucap, mbuh bener mbuh luput iki, sun-badenen diajeng cangkrimanira.
Ucape kang sipat gesang, kang ana ing dunya iki, panamung salikur kecap, nora kurang nora luwih, dene sastra kang muni, pan iya amung salikur, kabeh ucaping jalma, kang ana ing dunya iki, leklu klimis iya iku tegesira.
Telek neng alu lesungan, yen dicekel yekti amis, salawase durung ana, telek ingkang mambu wangi, Rara Bawuk miyarsi, yen kajawab soalipun, rumasa katiwasan, ora wurung dirabeni, sentot mundur sumingkir semu kisinan.
Angucap ingsun wus kalah, saprentahmu sun-lakoni.
Ambatang Cangkrimane Dewi Bleweh
Gantya Dewi Bleweh mapan, lenggah neja bantah ‘ilmi. Sang Dewi Bleweh angling, badenen cangkrimaningsun, isine ‘alam dunya, kabeh ana pirang warni, lawan pira rasane lamun pinangan.
Sun andulu wujudira, adege wolung prakawis, pikukuhe raga tunggal, sipat papat keblat kalih, patbelas ingkang keri, kang loro tutup-tinutup, samya manjer bandera, kekalih pating karingkih, lan badenen, mangretine dadi paran.
Gatoloco duk miyarsa, reka-reka tan mangreti, mung deleg-deleg kewala, Dewi Bleweh ngisin-isin, lenggak-lenggok nudingi malerok sarwi gumuyu, sira masa bisaa, ambatang cangkriman-mami, wong dapurmu saru kiwa ireng mangkak.
Gatoloco saurira, mengko sun-pikire disik, bismi’llah mbade cangkriman, cangkrimane genduk kuwi, isine dunya amung sanga katahipun, ingkang kinarya ngetang, angkane mung sangang iji, ora nana ingkang luwih saking sanga.
Sawuse jangkep sadasa, bali marang siji maning, iku tandane mung sanga, isine dunya iki, kabeh mung sanga kuwi, kahanane rupa iku, yektine nem prakara, wijange sawiji-wiji, ireng biru putih kuning ijo abang.
Liya iku ora nana, rupa ingkang manca warni iku pada ngemu rasa, dene kabeh kang binukti, ing ‘alam dunya iki, rasane mung ana wolu, legi gurih kalawan, pait getir pedes asin, sepet kecut ganepe wolung prakara.
Adu bokong tegesira, genah lamun asu ganjing, pada adu bokongira, ngadeg suku wolung iji, keblatira kekalih, madep ngalor lawan ngidul, sipate iku papat, matanira patang iji, lawangane bolongan ana patbelas.
Cangkem irung miwah karna, silite kalawan preji, gung-gunge kabeh patbelas, kang tutup-tinutup sami, panjine dakar preji, pating krengih endemipun, dene umbul puletan, bandera buntute kalih, ting jalentir lir bandera karo pisah.
Apa bener apa ora mangkono pambatang-mami, mara age wangsulana, Dewi Bleweh duk miyarsi, kajawab soalneki, sakalangkung getun ngungun, nggarjita jroning nala, pinasti kalawan takdir, awakingsun kinanti wong kaya sira.
PUPUH IX
Kinanti
Dewi Bleweh nulya mundur, sarwi awacana manis, ingsun wus rumasa kalah, sakarepmu sun-lakoni, manira manut kewala, ora sumeja nyelaki.
Ambatang Cangkrimane Retna Dewi Lupitwati
Namun kantun kusuma yu, Retna Dewi Lupitwati mapan lenggah arsa bantah, Gatoloco nabda aris, sireku keri priyangga, embane kalawan cantrik.
Kalah bantah pada mundur, sira Dewi Lupitwati, apa nutut apa bangga, sabudimu sun-kembari, Retna Dewi angandika, apa saujarmu kuwi.
Yen sira ngarani teluk, yektine teluk wak-mami, yen sira ngarani bangga, sabenere ingsun wani, mung iki cangkrimaning-wang, katahe telung prakawis.
Badenen ingkang dumunung, tegese wong laki rabi, lan tegese wadon lanang, tegese sajodho kuwi, Gatoloco saurira, ora susah nganggo mikir.
Prakara cangkriman iku, tegese wong laki rabi, ingkang aran wadon lanang, ingsun uga wus mangreti, mung remeh gampang kewala, rungokna pambatang-mami.
Tegese wong lanang iku, ala kang temenan kuwi iya iku ananingwang, rupane ala ngluwihi, wadon iku tegesira genah panggonane wadi.
Wadine wong wadon iku, wujude wujudmu kuwi, sabenere luwih ala, dunung sarta asalneki, acampur kalawan priya, tuduhna akang ala iki.
Mula rabi aranipun, wong lanang amengku estri, rahab ngrahabi sadaya, kang ala lawan kang becik, mula lanang aranira, aja nglendot marang estri.
Mung iku pambatangingsun, apa bener apa sisip, Lupitwati aturira, pukulun pepunden-mami, saestu leres sadaya, marmane amba samangkin.
Nrimah kawon sampun teluk, sumanggeng karsa nglampahi, muhung asrah jiwa raga, tan pisan neja gumingsir, ing dunya prapteng delahan, tetep mantep lair batin.
Gatoloco Mulang Para Garwa
Gatoloco sukeng kalbu, gumujeng sarwi mangsuli, tuturira sun-tarima, lan maneh wiwit saiki, sireku kabeh kewala, tetep dadi garwa-mami.
Mulane sira sadarum, kudu manut gurulaki, sabarang parentahingwang, abot enteng aywa nampik, lamun nampik siya-siya, tan wurung sida bilahi.
Wus lumrah wong lanang iku, wajibe mengkoni rabi, sanajan rupane ala, nanging pantes den ajeni, sinembah mring garwanira, krana aran gurulaki.
Solah tingkah murih patut, satiti angati-ati, tan kena kanti sembrana, yen sira sembrana ora becik, sanajan lunga sadela, kudu pamit marang mami.
Kajaba kang kadi iku, rungokna pitutur-mami, amurih salametira, aywa karem karya serik, den sabar aywa brangasan, ngajenana mring sesami.
Upama sira katemu, marang pamitranmu yayi, kalamun sira micara, kudu ingkang sarwa manis, dimene rena kang myarsa, aywa nganti den ewani.
Yen sira micara saru, utawa demen ngrasani, mring alane liyan janma, sayekti akeh kang sengit, datan seneng malah ewa, sinebut wong kurang budi.
Upamane ana tamu, deng enggal sira nemoni, kang sreseh nuli bagekna, linggihane ingkang resik, sireku kang lembah manah, sokur bisa nyugatani.
Sanajan tan bisa nyuguh, nanging sumeh ulat manis, tembunge grapyak sumanak, rumaket sajak gresepi, supaya tamune suka, seneng ora gelis mulih.
Yen sira semu marengut, kang mradayoh yekti wedi, kinira kalamun ladak, utawa kinira edir, den arani ora lumrah, datan kurmat mring sesami.
Watak andap asor iku, wekasane nemu becik, raharja sugih tepungan, kineringan mring sesami, linulutan pawong mitra, akeh ingkang tresna asih.
Kang garwa samya tumungkul, sadaya matur wot sari, duh pukulun kasinggihan, wulangipun gurulaki, sliring dawuh-paduka, sayekti kawula-pundi.
Tetenger Sajatining Wadon Lan Sajatining Lanang
Gatoloco alon muwus, rehning sira wus ngantepi, dharma saking karsaningwang, kepengin arsa udani, pratandane kang sanyata, apa bener sira estri.
Samengko mrih genahipun, manira arsa nontoni, mring prenah tetengerira, wujude ingkang sajati, sireku pada lukara, supaya ceta kaeksi.
Para garwa alon matur, duh pukulun kadi pundi, dene paring dawuh lukar, kawula lumuh nglampahi krana saking boten limrah, nalar saru tan prayogi.
Gatoloco asru bendu, tuturmu pada ngantepi, mantep lair batinira, mituhu mring gurulaki, kaya paran ing samangkya, tan miturut prentah-mami.
Lamun rewel datan manut, sireku bakal bilahi, sidane nemu cilaka, katiban gitik panjalin, wong siji kaping limalas, lan maneh sun-sepatani.
Ananging yen pada manut nurut marang karep-mami, sawuse lukar busana, nuli marang tilam sari, awakingsun pijetana, supaya kesele mari.
Para garwa samya manut, tyas ajrih  den supatani, sadaya lukar busana, Gatoloco duk umeksi, gumujeng alatah-latah, sarwi ngingkrang munggeng kursi.
Mangkana denira muwus, saiki katon sajati, wus ceta nyata wanita, tengere wadon kaeksi, warna-warna datan pada, ana gede ana cilik.
Rehning ceta wus kadulu, wujudnya sawiji-wiji, akarya renaning driya, ing samengko sun-lilani, kabeh pada tutupana, ngagema busana maning.
Yen sireku arsa weruh, marang sajatining laki, duwekingsun tingalana, becike apa saiki, utawa mengko kewala, sakarepmu sun-turuti.
Lamun sira ngajak ngadu, duwekmu lan duwek-mami, manira manut sakarsa, gelem bae ingsun wani, sira ngajak kaping pira, manira saguh ngladeni.
Retna Dewi alon matur, pukulun pepunden-mami, prakawis nalar punika, amba tan kapengin uning, dumateng wujuding priya, nuwun gunging pangaksami.
Kang awit pamanggih-ulun, kirang prelu angingali, kawula datang mentala, lan malih boten prayogi, pramilane boten susah, paduka paring udani.
Gatoloco alon muwus, duh wong ayu merak ati, sumeh semune prasaja, susileng solah respati, wangsalan iki rungokna, wulang mring sira wong manis.
Wangsalan Wulang Wanodya
PUPUH X
Dandanggula
Jayeng sastra empaning lelungid (carik), sirik ageng jenenging wanuja, luput barang reh wurine, wruh ing wekasanipun, teja panjang kang ngemu warih (kluwung), sinjang ageming priya (bebed), kang kedah sinawung, pawestri katah rubednya, taji sawung (jalu) ganda pangusaping lati (lenga krawang), kalupute kawangwang.
Putran-denta (pratima) ron aglar ing siti (uwuh), pelem agung kang galak gandanya (kuweni), ewuh-aya pratikele, wanita tindak dudu, kuda mijil ing Tamansari (Kalisahak), piring siti (cowek) upama, dadyan dewekipun, angrusak badan priyanggan sari tala (malam) dadaking ron (talutuh) sun-wastani, nalutuh ‘alam dunya.
Kisma rempu (lebu) atmaja Jumiril (Umarmaya), marma estri tan kalebu weca, Nata Prabu ing Tasmiten (Geniyara), kaca kang tanpa ancur (ram), gawe eram ingkang ningali, pantes yen piniyara, talatahing laut (muwara), ing tekad angayawara, jamang wastra (tepi) ojating wong awewarti (kaloka), netepi ing saloka.
Gingsiring wulan purnama siddhi (grahana), bebayi sah kang saking tuntunan (puput), graitanen sauntase, ingkang tumibeng luput, tambang palwa (welah) ingsun-wastani, parikan jenu tawa (tungkul), pan aja katungkul, ing solah kang tanpa karya, menyan kuning (welirang) kang toya saking jasmani (kringet), engeta kawirangan.
Ing Ngajerak Papatih Nata Jin (Sannasal), pulas langking kang kinarya sastra (mangsi), keksi-eksi wekasane, tanpa asil ing laku, sembahyange janma minta sih (salat hajat), katrapaning manusa (denda), dendaning Hyang Agung, tanpa kajating panyipta, yasa ranu (bale kambang) Narendra Bojanagari (Suryawisesa), kumambang ing wisesa.
Janma wirya (mukti) salendro jroning pring (suling), dipun eling-eling wong ngagesang, aja manggung mukti bae, duh babo jamang wakul (wengku), sekar pandan mawur kasilir (pudak), najan tedaking Nata, sajagad winengku, barat gung mrataweng wreksa (prahara), jarot pisang (serat) ana mlarat ana sugih, wus kaprah ‘alam dunya.
Putri Mandura (Sumbadra) kang nyamang kudi (karah), najan trahing janma sudra papa, lamun becik pamarahe, aji Nata Salyeku (candrabirawa), puter alit ginantang nginggil (prekutut), patut sira-anggowa, condongna ing kalbu, Wiku Raja ing Kusniya (Bawadiman), Sarkap putra (Samardikaran) den gemi simpen wewadi, ywa kongsi kasamaran.
Tawon agung kang atala siti (tutur), wikan nugraha wulang achirat (swarga), yen siranggo tutur kiye, nyuwargakken bapa biyung, nyarambahi mring kaki nini, salawase raharja, mitra karuh lulut, yen kena godaning setan, sapu gamping (usar) garwa Hyang Guru Pramesti (Batari Durga), durgama karya sasar.
Wideng galeng (yuyu) Kumbayana siwi (Aswatama), tegese estri ayu utama, pratanda serat pangrembe (penget), cipta tyas tan kawetu (graita), kang wus lepas graita lantip, nget-enget ing kawignyan, pangumbaring puyuh (jajah), anjajah saruning badan, jala panjang (krakad) suluke wayang kalitik (sendon), yen kaledon ing tekad.
Kentang rambat (katela) gancaring wong ngringgit (lakon), tetelada estri kang utama, kang prayoga lelakone, singa lit munggeng kasur (kucing), kenya putri Kartanegari (Susilawati), yen tan susileng priya, pan kuciweng semu, dekunging sabda tanaga (taklim), gugur parlu (batal) nora batal ing wewadi, wong taklim sapadanya.
Gatoloco Pamit Lunga Marang Cepekan
Retna Dewi matur awot sari, saking dawuh piwulang-paduka, muhung nuwun pangestune, mugi-mugi jinurung, badan-kula bangkit nglampahi, Gatoloco ngandika, duh sira wong ayu, ayune ayu temenan, aywa kaget ingsun lilanana pamit, saiki ingsun lunga.
Krana prelu kangen arsa tilik, anak murid ing pondok Cepekan, besuk bali mrene maneh. sira keri rahayu, Gatoloco mangkat pribadi, ing marga tan winarna, kacarita sampun, dumugi pondok Cepekan, para murid dupi miyat ingkang prapti, sukeng tyas kanti kurmat.
Gatoloco Jumeneng Gurunadi
Gatoloco praptanipun, ing Cepekan pondok santri, langkung sukaning wardaya, aningali para murid, samya sanget kurmatira, dumateng Sang Gurunadi.
Nulya minggah ing langgar gupuh, sesalaman genti-genti, riwusnya samya salaman, para murid nilakrami, wilujeng rawuh-paduka, Gatoloco anauri.
Iya saking pandongamu, ingsun ginanjar basuki, sasuwene ingsun-tilar, sira kabeh anak murid, apa pada kawarasan, santri murid awot sari.
Pangestu brekah-pukulun, palimarmaning Hyang Widdhi, sadaya kawilujengan, maksih langgeng kados lami, Gatoloco angandika, kapriye wulangku nguni.
Apa sira isih emut, sokur lamun ora lali, aturnya maksih kemutan, kawula sanget kapengin, nuwun mugi kasambungan, lajengipun kados pundi.
Gatoloco alon muwus, panjalukmu sun-turuti, sireku aywa sumelang, uga bakal sun-sambungi, lah mara pada rungokna, manira tutur saiki.
Medarake Banjure Soal-jawabing ‘Ilmu
Nugrahaning budi iku, saurana tri prakawis, cipta ning kang kaping pisan, panggraita kaping kalih, sang panyipta kaping tiga, kanugrahaning roh kuwi.
Saurana iku telu, ana dene ingkang dingin, urip tan kalawan nyawa, ingkang kaping kalih kuwi, ora angen-angen liyan, Allah kewala kaping tri.
Tan ana woworanipun, ingkang wahdati’lmujudi, nugrahan sakarat pira, saurana tri prakawis, kang dingin adepanira, idep ingkang kaping kalih.
Madep ingkang kaping telu, lamun sira den takoni, nugrahaning iman pira, saurana tri prakawis, sokur ingkang kaping pisan, tawakal ingkang ping kalih.
Sabar ingkang kaping telu, pira nugrahaning tohid, saurana dwi prakara, krana tetep ingkang dingin, wedi kaping kalihira, nugrahan ma’rifat jati.
Sira sumaura gupuh, iku namun saprakawis, ana ing kahananira, anenggih karsa: rasaning, rasa wisesa prayoga, martabate kramat kuwi.
Mangretine ana telu, karem af’al para mukmin, para wali karem sifat, akarem dzat para nabi, lire karem ing dzatu’llah, ya sok ana asihaning.
Ingkang karem sifat iku, uga ana gumleteking, lire karem af’alu’llah, mila ana obah osik, yen sebit paningalira, ening kabuka sayekti.
Ing sifat jamal puniku, jamal kamal kahar nenggih, dumadine imanira, sakbul gumleteking ati, dadine oleh sampurna, sampurnaning gesang nenggih.
Martabate nyawa iku, lamun sira den takoni, katahe namung satunggal, iya iku roh idlafi, mung sawiji marganira, tegese urip puniki.
Ora nana urip telu, ingkang mesti mung sawiji, lamun sira tinakonan, endi Allah ing saiki, iku nuli saurana, sapa ingkang ngucap kuwi.
Aja ta sireku umyung, yen sira dudu Hyang Widdhi, yektine ingkang den ucap, kang ngucap tan liyan Widdhi, nanging kudu kawruhanana, ing panarima sayekti.
Ana ingkang nrima iku, kaja toya lawan siti, lawan ingkang kaya udan, apa dene kaya wesi, kalawan kaya samudra ingkang kaya lemah warih.
Den rumesep tegesipun, ora pegat kang rohani, tegese kang kaja udan, datan pegat tingalneki, ana maneh kaja tosan, sakarsanira mrentahi.
Ginaweya arit wedung, petel wadung kudi urik, ora owah sifatira, isih bae wujudneki, ingkang upama samudra, pituduh ingkang prayogi.
Puniku mestine antuk, ing ujar sakecap tuwin, ing laku satindak lawan, ameneng sagokan nenggih, lamun wis kaja samudra, ora owah tingalneki.
Sira andulu dinulu, ora nana tingal kalih, ora nana ucap tiga, dadi sampurna salating, weruh paraning sembahyang, weruh paraning ngabekti.
Nyata bener ora kusut, lan weruh paraning osik, weruh paraning nengira, weruh paraning miyarsi, weruh paraning pangucap, weruh paran ngadeg linggih.
Lan weruh paraning turu, weruh paranira tangi, weruh paraning memangan, weruh paran nginum warih, weruh paran ambebuwang, weruh paran sene nenggih.
Weruh parang seneng nepsu, weruh paraning prihatin, weruh paran ngidul ngetan, mangalor mangulon kuwi, weruh paraning mangandap, weruh paraning manginggil.
Weruh paran tengah iku, weruh paranira pinggir, weruh paraning palastra, weruh paranira urip, weruh kabeh kang gumelar, kang gumreget kang kumelip.
Tan samar weruh sadarum, anane samita iki, sira kabeh poma-poma, anakingsun para murid, sireku aywa sembrana, weruha rasaning tulis.
Dene sira yen wis weruh, kekerana ingkang werit, aywa umyung pagerana, aywa sembarangan kuwi, nganggo duga kira-kira, aywa dumeh bisa angling.
Lan maneh aywa kawetu, mring wong ahli syara’ nenggih, yen maido temah kopar, karana rerasan iki, ora amicara syara’, amung sajatining ‘ilmi.
Ingkang renteng ingkang racut, tan ana kaetang malih, caritane soal ika, pada anggiten ing batin, dadi wijange sadaya, sira ingkang ahli budi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 
bedjo ngeblog © Copyright 2010 | Design By Gothic Darkness |